Daftar Blog Saya

Januari 14, 2020

Teks eksposisi "Tontonan Budaya Jawa"

Tontonan Budaya Jawa 


    Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, seperangkat gamelan, keprak, kepyak, kotak wayang, cempala, lan blencong). Dene unsur manungsa yaiku pawongan kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit. Ana uga wayang wong, kethoprak, ludruk, jaranan, lan tayub. Senajan jaman saya maju lan pertunjukan seni modern sansaya akeh, ananging pagelaran-pagelaran seni  budaya Jawa kasebut isih ngrembaka tumekane saiki.

A. Ngrembug teks eksposisi Babagan tontonan

     Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud :
  • Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, kan bisa dicritakake kanthi cetha.
  • Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
  •  Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

 Titikane teks eksposisi yaiku :


  1. Ngandharake panemu utawa gagasan,
  2. Nuduhake kahanan sanyatane,
  3. Nggunakake analisis lan sintesis, 
  4. Sumberi bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.

 Strukture teks eksposisi yaiku :


  • Tesis (pambuka) isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake,
  • Argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing perangan tesis,
  • Panutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi.
B. Nulis teks eksposisi

     Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku:
  1. Nemtokake undheraning perkara utawa tema,
  2. Nemtokake ancas utawa tujuan,
  3. Ngumpulke dhata saka maneka sumber,
  4. Gawe cengkorongan,
  5. Ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi.


Sumber : Suyitno - L. Yuyun Dian Susanti - Irawan H.G.
Buku      : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2
Kelas      : XI SMA/SMK/MA K.13
Penerbit: Yudhistira